MICARA

Nyritakake Pengalaman

Pengalaman urip iku kadang ora bisa dilalekake, malah bisa nganti tekane pati. Saben wong duwe pengalaman kang ora bisa dilalekake kuwi. Coba eling-elingen kadadeyan/pengalamanmukang ora bisa kok lalekake mau, banjur mengko tulisen. Sajroning nulis iku mbutuhake kapinteran, kaprigelan, kasanggeman, tenaga, beya, lan wektu. Elinga jer basuki mawa beya!

Sawise pangreka pambudi daya lan cecawis bab kasebut, nuli gawea ngengrengan karangan, tamtokna sesirahe, kepriye urut-urutaning pamedhare, endi pancadaning rembug, undering karangan, gaganepe. Sokur bage wis ana ancer-ancer gemblenging isi, larasing pamedhar (ora kakehan, ora kesithiken), pamilihing tembung, pamilihing ukara, pangraketing basa. Kuwi lagi cengkorongan. Sawise kabeh katata, banjur ngayati nulis ndhapuk karangan. Minangka pandoming panulis, kaangkaha amrih ing ngisor iki.

  1. Isine nalar, nyata bener.
  2. Basane, tembung trep, ukara cetha, basa lancar.
  3. Wedharing gagasane, runtut, laras, gembleng.
  4. Tata tulis, ejaan, tandha wacan, bener.
  5. Panggarape tumata, resik ngresepake.

Wong ngarang iku padha bae wong ngronce kembang. Kembang wis ana mung kari natane murih runtut lan patut. Yen disawang salaras.

Ngarang basa ya ngono. Basamu wis ana isine arep dikarang ya wis ana, kari nata urute lan runtute miturut sing dikarepake. Wong cerita iku urut-urutane mangkene.

  1. Mikir sing arep dikarang minangka tema utawa sesirah, upamane, bab “Lungan ing Laut Kidul”.
  2. Bubar iku mikir apa bae kang bakal diceritakkae, umpamane:
    1. Nggonne ngendi,
    2. Dalane kepriye,
    3. Adohe sepira,
    4. Ana kene kepriye, swasanane, rasane, suwene, kegiyatane,
    5. Tata-tata budhal,
    6. Mulihe,
    7. Kepriye panemumu sabubare dolan.
    8. Yen wis mikir-mikir, kabeh mau dadekana ukara, minagka ukara baku (kalimat utama) kang minangka bakuning ukara ing saben paragraf.
    9. Saka ukara baku kang wis ana mau, banjur wenehana katrangan-katrangan  kang mujudtake ukara tambahan.
    10. Ukara baku lan ukara tambahan mujudtake  perangan dhewe kang dadi sawiji mujudtake paragraf/alenia kang wutuh.
    11. Panulisane saben wiwit alenia anyar, ana let-lete utawa katulis rada menengah, ora mepet garis pinggir.

Dene cerita mono basa kang digunakake gumantung karo sapa anggone cerita, manawa mung karo sapadha-padha kang wis kulina cukup mung migunakake basa ngoko, dene marang wong kang luwih tuwa, upamane bapak, ibu, pak cilik, utawa pak gedhe, ya kudu migunakkae basa krama.

Kaanggit saking LKS Seneng Basa kota Magelang

Tinggalkan komentar