WACAN EKSPOSISI

Wacan Eksposisi yaiku salah sawijining wacana sing bisa mbudidaya ngandharake pokok pikiran sing tujuane njembarake wawasan utawa pangerten sing maca.

Ciri-ciri wacan eksposisi:

  • Arupa wacan informasi.
  • Ana gambar, grafik, karo tabel sing magepokan karo isi wacan.
  • Wasananing wacan ana penjelasan.

Wacan eksposisi adate digunakake kanggo mbabar kaweruh utawa ilmu, definisi, pangerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara, lan proses dumadi sawijining kakadeyan utawa bab.

Tuladha Wacan Eksposisi:

Sejarah basa jawa, Cara gawe roti, dll.

Jenis Wacan eksposisi:

  1. Wacan sing nuduhake proses.
  2. Wacan sing nuduhake tuladha.
  3. Wacan sing nuduhake sebab akibat.

Carane nulis wacan eksposisi:

  1. Nemtokake underane (Tema) perkara.
  2. Nemtokake tujuwan.
  3. Ngumpulake data saka maneka sumber.
  4. Nyusun cenkorongan (Kerangka) sing cocok karo underan sing dipilih.
  5. Ngrembakakake (Mengembangkan) Cengkorongan dadi paragraf eksposisi.

Jenis Paragraf eksposisi:

  1. Eksposisi Definisi
  2. Eksposisi Klasifikasi
  3. Eksposisi Klasifikasi
  4. Eksposisi ilustrasi
  5. Eksposisi Perbandingan
  6. Eksposisi Laporan

 

 

Contho Wacana Eksposisi Basa Jawa – Cara Nggawe Sup Jagung

CARA NGGAWE SUP JAGUNG SPESIAL

BAHAN :

  1. 2 Jagung legi, dipipil
  2. 2 Wortel, diiris kothak-kothak

3.   5 Sosis ayam utawa sapi, diiris tipis-tipis

4.    1 Bawang bombay, diiris tipis

5.    2 Godhong bawang, diiris alus

6.     3 sdm sagu, diencerake nganggo 50 cc banyu

7.      1 endhog pitik, dikocok

8.      1,5 liter banyu utawa kaldhu

BUMBU :

  1. 3 Bawang putih dialusake
  2. 2 sdm kecap asin
  3. 3 sdm saus tiram
  4. Uyah, gula, lan mrica sacukupe

CARANE NGGAWE :

  1. Bawang putih ditumis nganggo sethithik lenga goreng nganti wangi.
  2. Bawang bombay dicemplungake, diudhak nganti setengah mateng, banjur ditambahi jagung legi, wortel, lan kaldu nganti umup.
  3. Cemplungna kecap asin, saus tiram, gula, uyah, lan mrica.
  4. Cemplungna sosis, banjur dimasak nganti kabeh mateng.
  5. Tambahna banyu sagu lan terus diudhak.

6.    Tambahna kocokan endhog sinambi diudhak, pateni genine banjur diwur-     wuri godhong bawang.

SUMBER: http://langkah-berlari.blogspot.com/2012/02/wacan-eksposisi.html

http://the1andonlythis.blogspot.com/2012/04/contho-wacana-eksposisi-basa-jawa-cara.html

Tinggalkan komentar